Budaya Jawa
Sing jenenge
budaya kuwi ora mung bab endahing seni thok, nanging budaya kuwi ya mujutake
carane padha tumindak, mujutake solah – bawa, muna - muni, lan aturaning urip
bebarengan kang wus di andhemi dening warga masyarakat.
Miturut
pangandikane bp. Prof. Dr. Gunawan Soemodiningrat, budaya jawa kuwi nduwe sipat
kang becik, dene sipat kang becik mungguhing budaya jawa kuwi =
1.
Budaya jawa adhedhasar harmoni utawa keselarasan. Mengku teges = anti kekerasan, ora
seneng konflik, seneng njumbuhake rasa ing antarane jagat cilik utawa pribadhi,
lan jagat gedhe utawa warga masyarakat. Harmoni ora kudu padha, ning laras lan
imbang, beda dalan ning siji kekarepan.
2.
Nduweni sipat nguwongke uwong, ngejeni papan dhewe –
dhewe lan tansah tumindak kang jumbuh marang papan dununge, trep marang
lingkungane. dadi pebisnis ya nindakna
misine bisnis, dadi pegawe ya nindakna
aturane pemerintahan, aja kok pemerintahan dinggo bisnis, adol negara nyang
negara liya.
3.
Budaya jawa ngajeni bab - bab wiridan, kayata = kawruh kebatinan, kejawen, bab
kang mistis lan liya – liyane. Bab iki ora aneh merga, wong jawa nduwe
keyakinan menawa urip kuwi mung tansah sumende ana ngarsane Gusti kang Maha
Kuwasa.
4.
Pungkasan yaiku musyowaroh. Menawa ngadhepi wijining
perkara, piyayi jawa kuwi senenge ninda;ake musyawarah kang mbabar mupakat. Ora
seneng pasudon, senenge rembugan sing kanthi kepenak, ayem kang sarta tentrem.
Nanging kudu
ngerti, imbangane becik kuwi mesthi ana alane, ora beda budaya jawa, nadyanta
becik, ning ya ana perangan sipat sing ala.
Dene sipat kang kurang
prayoga yaiku =
1.
nepotis utawa
tansah nengenake sedulur. wong jawa kok antuk kamulyan, racake mesthi mikir
nyang dulure dhewe, sing di ener mung kajaba piye bisane dulur - dulure bisa melu mulya. Nek jane sipat iki becik, ya
mung kala mangsa sok nglanggar etika moral lan etika kerja. Ya nek dulure mau
mampu gak pa’ pa’, ning nek ora mampu rak malah mung arep gawe bubrah. Mula ya
aja kaget nek ora lulus sma kok bisa dadi pejabat, sabab ya saka nepotis mau.
2.
Yaiku lamban
utawa lambat. Sakehing tumindak apa wae, racak jumbuh karo falsafahe wong jawa,
yaiku alon – alon waton kelakon, alon ya ben sing penting kelakon. Nek durung
sinung banda mono jane ya gliyak – gliyak, ning waton tumindak, tegese nyambut
gawe semangat ning ya mung asal – asalan, mula dadine ya ora apik, ya klebu
golek dhuwit sing menghalalkan segala cara kuwi.
3.
yaiku
sentralistik, utawa seneng ndewak – ndewakke salah sijining bab, mbuh kuwi bab
pemimpin bangsa, bab kawruh, bab kahanan lan liya – liyane. Iki jane ya
prayoga, ning yen sing ndewak’ake ki kebablasen kalamangsa sok dadi salah
kaprah. Ora ana pemimpin sing apik dhewe kajaba si A kae, ora nana ngilmu sing
peples dhewe kajaba ngilmune si B, kamangka sing di dewakke mau ya mung padha –
padha manungsa kang nduweni watak lena – luput – klawan lali.
4.
Yaiku gampang
puas dhiri. Menawa durung kebandhan, pegaweyane ya mempeng, ning nek kira – kira
wis kedonyan sithik wae banjur ugungan, kesed, sungkanan, makarya banjur sak
kepenakke. Semboyane banjur “ ngene we wis entuk kok ”. mangka, isih akeh
banget ayahan kang kudu katinda'ake.
5.
Pungkasan yaiku
samar utawa semu. Wong jawa kuwi yen ngendika racak emoh dicethakke, merga nduweni rasa
ewuh pekewuh. Menawa bisa ngetrapke marang kahanan, jane ewuh – pekewuh kuwi prayoga, ning nek kurang bisa matrapake,
njalari wijining perkara dadi ora rampung, ora cetha lan salah kaprah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar