TUKAR KAWRUH



Budaya Jawa


Sing jenenge budaya kuwi ora mung bab endahing seni thok, nanging budaya kuwi ya mujutake carane padha tumindak, mujutake solah – bawa, muna - muni, lan aturaning urip bebarengan kang wus di andhemi dening warga masyarakat.
  
Miturut pangandikane bp. Prof. Dr. Gunawan Soemodiningrat, budaya jawa kuwi nduwe sipat kang becik, dene sipat kang becik mungguhing budaya jawa kuwi =

1.         Budaya jawa adhedhasar harmoni utawa keselarasan. Mengku teges = anti kekerasan, ora seneng konflik, seneng njumbuhake rasa ing antarane jagat cilik utawa pribadhi, lan jagat gedhe utawa warga masyarakat. Harmoni ora kudu padha, ning laras lan imbang, beda dalan ning siji kekarepan.

2.         Nduweni sipat nguwongke uwong, ngejeni papan dhewe – dhewe lan tansah tumindak kang jumbuh marang papan dununge, trep marang lingkungane. dadi pebisnis ya nindakna misine bisnis, dadi pegawe  ya nindakna aturane pemerintahan, aja kok pemerintahan dinggo bisnis, adol negara nyang negara liya.

3.         Budaya jawa ngajeni bab - bab wiridan, kayata = kawruh kebatinan, kejawen, bab kang mistis lan liya – liyane. Bab iki ora aneh merga, wong jawa nduwe keyakinan menawa urip kuwi mung tansah sumende ana ngarsane Gusti kang Maha Kuwasa.

4.         Pungkasan yaiku musyowaroh. Menawa ngadhepi wijining perkara, piyayi jawa kuwi senenge ninda;ake musyawarah kang mbabar mupakat. Ora seneng pasudon, senenge rembugan sing kanthi kepenak, ayem kang sarta tentrem.


Nanging kudu ngerti, imbangane becik kuwi mesthi ana alane, ora beda budaya jawa, nadyanta becik, ning ya ana perangan sipat sing ala.
Dene sipat kang kurang prayoga yaiku =

1.         nepotis utawa tansah nengenake sedulur. wong jawa kok antuk kamulyan, racake mesthi mikir nyang dulure dhewe, sing di ener mung kajaba piye bisane dulur - dulure  bisa melu mulya. Nek jane sipat iki becik, ya mung kala mangsa sok nglanggar etika moral lan etika kerja. Ya nek dulure mau mampu gak pa’ pa’, ning nek ora mampu rak malah mung arep gawe bubrah. Mula ya aja kaget nek ora lulus sma kok bisa dadi pejabat, sabab ya saka nepotis mau.

2.         Yaiku lamban utawa lambat. Sakehing tumindak apa wae, racak jumbuh karo falsafahe wong jawa, yaiku alon – alon waton kelakon, alon ya ben sing penting kelakon. Nek durung sinung banda mono jane ya gliyak – gliyak, ning waton tumindak, tegese nyambut gawe semangat ning ya mung asal – asalan, mula dadine ya ora apik, ya klebu golek dhuwit sing menghalalkan segala cara kuwi.

3.         yaiku sentralistik, utawa seneng ndewak – ndewakke salah sijining bab, mbuh kuwi bab pemimpin bangsa, bab kawruh, bab kahanan lan liya – liyane. Iki jane ya prayoga, ning yen sing ndewak’ake ki kebablasen kalamangsa sok dadi salah kaprah. Ora ana pemimpin sing apik dhewe kajaba si A kae, ora nana ngilmu sing peples dhewe kajaba ngilmune si B, kamangka sing di dewakke mau ya mung padha – padha manungsa kang nduweni watak lena – luput – klawan lali.

4.         Yaiku gampang puas dhiri. Menawa durung kebandhan, pegaweyane ya mempeng, ning nek kira – kira wis kedonyan sithik wae banjur ugungan, kesed, sungkanan, makarya banjur sak kepenakke. Semboyane banjur “ ngene we wis entuk kok ”. mangka, isih akeh banget ayahan kang kudu katinda'ake.

5.         Pungkasan yaiku samar utawa semu. Wong jawa kuwi yen ngendika racak emoh dicethakke, merga nduweni rasa ewuh pekewuh. Menawa bisa ngetrapke marang kahanan, jane ewuh – pekewuh  kuwi prayoga, ning nek kurang bisa matrapake, njalari wijining perkara dadi ora rampung, ora cetha lan salah kaprah.

     

Tidak ada komentar:

Posting Komentar